Dua Contoh Khutbah Jumat Penuh Makna dalam Bahasa Jawa

admin.aiotrade 24 Okt 2025 5 menit 17x dilihat
Dua Contoh Khutbah Jumat Penuh Makna dalam Bahasa Jawa
Dua Contoh Khutbah Jumat Penuh Makna dalam Bahasa Jawa

Khutbah Jumat dalam Bahasa Jawa untuk Peringatan Hari Sumpah Pemuda

Melaksanakan Sholat Jumat merupakan kewajiban yang harus dilakukan oleh lelaki baligh. Mendengarkan Khutbah Jumat juga termasuk agenda dalam Sholat Jumat berjamaah di masjid. Umumnya materi Khutbah Jumat yang disampaikan, disesuaikan dengan beberapa tema hari penting yang akan diperingati, seperti Hari Sumpah Pemuda pada 28 Oktober 2025. Adapun Khutbah Jumat bisa disesuaikan dengan Bahasa daerah masing-masing, seperti dalam Bahasa Jawa. Berikut beberapa contoh teks Khutbah Jumat tentang Hari Sumpah Pemuda dalam Bahasa Jawa yang khimdat dan penuh makna sebagai referensi.


Contoh Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa

Khutbah I

AioTrade Autopilot
🔥 SPONSOR

TRADING OTOMATIS 24 JAM TANPA RIBET

Aiotrade adalah alat bantu trading autopilot nonstop di market SPOT Binance & Bitget
(Next: OKX, Tokocrypto & Saham)

Bukan FUTURE. Bukan Judi. Bukan Tebak-tebakan.
CARA KERJA (Real)
  • Harga Turun 1% → BELI OTOMATIS
  • Harga Naik 1.2% → JUAL OTOMATIS
  • Profit 1 siklus = 1.2%
  • Mengulang selama market bergerak
KEUNGGULAN UTAMA
  • Anti Loss & SPOT Market (Aman)
  • LEGAL & Terdaftar BAPPEBTI
  • Tanpa emosi, pantau chart otomatis
  • Tidur/Sibuk, transaksi tetap jalan

الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ
لاَ إِلَـهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ
وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْقِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ
الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالًا كَثِيرًا وَنِسَاءً
وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ
تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ

Sumangga kula ajak sesarengan sami ningkataken lan nambahi syukur kita dhumateng sadaya peparingipun Allah subhanahu wata’ala, Allah ingkang Maha Welas lan Maha Asih.
Sholawat lan salam mugi tansah kaparingaken Allah subhanahu wata’ala. dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam, para kulawarga, shahabat, lan sadaya tiyang ingkang mituhu ndherek dhawuhipun. Amin
Sumangga kita tansah numbuh suburaken iman saha takwa dhumateng Allah subhanahu wata’ala wonten ing margi tansah njumenengaken sadaya dhawuhipun lan nebihi sedaya pepacuhipun.

Allah Ta’ala paring pangandikan,
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
“He para wong Mukmin kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.” (QS. Ali Imran: 102)

Jamaah sholat Jumat ingkang dirahmati Allah
Sedaya tiyang Islam yakin bilih piyambakipun sak wekdal-wekdal badhe wangsul sowan dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala. Jalaran mejahi lan gesangaken menika dados wewenangipun Gusti Allah subhanahu wata’ala. Antiwisipun bukti bilih kita bakal sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah inggih punika nalikaning kita kinging musibah utawi mirengaken sederek kita kinging musibah, lisan kita spontas ngucap Inna lillahi wa Inna Ilaihi Raji’un.

Jumbuh kaliyan pangandikan Allah subhanahu wata’ala wonten ing al-Quran,
اَلَّذِيْنَ اِذَآ اَصَابَتْهُمْ مُّصِيْبَةٌ ۗ قَالُوْٓا اِنَّا لِلّٰهِ وَاِنَّآ اِلَيْهِ رٰجِعُوْنَۗ
“Yaiku wong-wong kang Manawa kataman pancabaya padha ngucap munjuk atur dhedhepe marang Allah: Sanyata aku kabeh iki kagunganing Allah, lan aku kabeh bakal padha sowan katimbalan panjenenga-Ne.” (QS. Al-Baqarah: 156)

Jamaah sholat Jumat ingkang dirahmati Allah
Wangsul kita wonten ngarsanipun Allah menika mboten mung wangsul kemawon, ananging kita sedaya samangkeh badhe disuwuni tanggung jawab amal lan lelaku kita ten alam donya. Mboten saget selak utawi endho saking menika kalawau.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nggadhahi pangandikan,
لاَ تَزُولُ قَدَمَا عَبْدٍ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حَتَّى يُسْأَلَ عَنْ عُمْرِهِ فِيمَا أَفْنَاهُ وَعَنْ عِلْمِهِ فِيمَا فَعَلَ وَعَنْ مَالِهِ مِنْ أَيْنَ
اكْتَسَبَهُ وَفِيمَا أَنْفَقَهُ وَعَنْ جِسْمِهِ فِيمَا أَبْلاَهُ
“Ora bakal wani hambaning Allah hanggeserake sukune kang loro sakdurunge ditakoni siji babagan umure digunakake kanggo apa, babagan ilmune kanggo apa diamalake, babagan bandha saka ngendhi olehe lan kanggo sapa diblanjakake, lan babagan jasad kanggo apa dimanfaatake.” (HR. At-Tirmidzi No. 2417)

Pramila mangga ngempalaken amal kagem bekal sangu sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala kanthi bekal kang cukup lan ndayani.

Jamaah sholat Jumat ingkang dirahmati Allah
Wonten tiga amal kang utama kangge bekal sangu sowan wangsul dhateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala,
Sepisan: Tilawah al-Quran Surat Al-Mulk
Amal kang utama ingkang sepindah nggih punika tilawah utawi ngaji surat al-mulk.
Al-Quran Al-Karim menika sedayanipun hanggadhahi keutamaan. Ananging wonten pinten-pinten surat kang wonten fadhilah khusus menawi kita waos tentunipun badhe pinaringan ganjaran agung lan fadhilah utami. Ing antawisipun inggih punika surat Al-Mulk utawi surat Tabarak.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh wonten sabdanipun,
إِنَّ سُورَةً فِي الْقُرْآنِ ثَلَاثُونَ آيَةً ‌شَفَعَتْ ‌لِصَاحِبِهَا ‌حَتَّى ‌غُفِرَ ‌لَهُ: تَبَارَكَ الَّذِي بِيَدِهِ الْمُلْكُ
“Saktemenipun wonten ing al-Quran satunggal surat kang cacah ayatipun telungpuluh ayat; menika sakmangkeh badhe paring syafaat tiyang kang tansah tilawah, inggih punika; Tabarakalladzi biyadihilmulku.”(HR. Ibnu Majah No. 3786)

Kaping kalih : Ngudi Ilmu Agami
Amal kang utama kaping kalih nggih punika ngudi ilmu agami. Saktemenipun amal ibadah ngudi ilmu agami utawi istilahipun thalabul ilmi menika kalebet amalan utami ingkang nggadhahi fadhilah agung lan minulya.

Wonten ulama kang naminipun Ibnu Rajab al-Hambali njelasaken bilih amal thalabul ilmi menika satunggaling amalan ingkang saget mbeto tiyang cepet mlebet suarganipun Allah subhanahu wata’ala.

Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam paring dhawuh saking hadits Abu Hurairah radhiyallahu ‘anhu,
وَمَنْ سَلَكَ طَرِيقًا يَلْتَمِسُ فِيهِ عِلْمًا سَهَّلَ اللَّهُ لَهُ بِهِ طَرِيقًا إِلَى الْجَنَّةِ
“Sinten kemawon kang niti margi kanti niat thalabul ilmu, maka Allah bakal paring gampang anggone niti margi dhateng surgane.”(HR. Muslim No. 2699)

Kaping tiga: Sedekah
Amal kang utama kaping tiga nggih punika sedekah. Enten setunggal amalan ingkang digetuni tiyang benjang ing dinten kiyamat,
وَاَنْفِقُوْا مِنْ مَّا رَزَقْنٰكُمْ مِّنْ قَبْلِ اَنْ يَّأْتِيَ اَحَدَكُمُ الْمَوْتُ فَيَقُوْلَ رَبِّ لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ
وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ
“Lan sira padha ananjakna dedana saka rezeki kang wus Ingsun paringake marang sira kabeh, sadurunge salah sijinira katekan ing pati, temahan banjur matur: Dhuh Allah pangeran kula! mugi paduka paring inah sakedhap kemawon, kulo badhe sedhekah, lan kulo badhe dados golonganipun tiyang ingkang sami shaleh.”(QS. Al-Munāfiqūn: 10)

Jalaran amal menika digetuni wonten ing akhirat samangkeh, menika nedhahaken keutamaanipun.

Jamaah sholat Jumat ingkang dirahmati Allah
Mekaten materi khutbah Jumat babagan tiga amal kang utama ingkang saget kawula aturaken, mugi saget dados pitutur kang manfaat lan nasehat kang minulya kagem khatib pribadi lan jamaah samudayanipun.

أَقُوْلُ قَوْلِيْ هذا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ
الرَّحِيْمُ.

Khutbah II

أَحْمَدُ رَبِّي وَأَشْكُرُهُ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ
عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ حَيْثُ قَالَ تَبَارَكَ وَتَعَالَى، أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ
الرَّجِيْمِ:
يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوا اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ
الدَّعْوَةِ
اللَّهُمَّ أَلِّفْ بَيْنَ قُلُوبِنَا، وَأَصْلِحْ ذَاتَ بَيْنِنَا، وَاهْدِنَا سُبُلَ السَّلَامِ، وَنَجِّنَا مِنَ الظُّلُمَاتِ إِلَى النُّورِ، وَجَنِّبْنَا
الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، وَبَارِكْ لَنَا فِي أَسْمَاعِنَا، وَأَبْصَارِنَا، وَقُلُوبِنَا، وَأَزْوَاجِنَا، وَذُرِّيَّاتِنَا، وَتُبْ
عَلَيْنَا إِنَّكَ أَنْتَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ، وَاجْعَلْنَا شَاكِرِينَ لِنِعَمِكَ مُثْنِيْنَ بِهَا عَلَيْكَ، قَابِلِينَ لَهَا، وَأَتِمِمْهَا عَلَيْنَا
رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا
اللَّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى، والتُّقَى، والعَفَافَ، والغِنَى
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ


Khutbah Jumat (2)

Assalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh
Hadirin Jamaah Jum’ah ingkang dipun mulyaaken Allah, Kaping sepisan, monggo kita tansah nglahiraken raos syukur dhumateng Allah SWT, lan ngiyataken takwa kita. Takwa ingkang sejati inggih menika nglampahi dhawuh-dhawuh-Nipun lan nebihi awisan-awisan-Nipun.

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah,
Lisan menika titipan saking Allah ingkang ageng sanget mupangatipun, nanging ugi ageng bebayanipun. Kanthi lisan, kita saged ngucap syahadat, dzikir, maos Al-Qur'an, dakwah, lan paring pitutur ingkang sae.

Sedaya menika ndadosaken amal jariyah. Nanging, menawi lisan boten dipun jaga, lisan menika ugi saged dados sumberipun karisakan. Kados ghibah (ngerásani), adu-adu (fitnah), ngina, misuh, utawi janji palsu.

Saben tembung ingkang medal saking lisan kita menika kedah dipun timbang, dipun pikir, supados boten ndadosaken dukanipun Allah lan larahing manahipun sesami.

Lisan ingkang boten dijaga menika saget nyèrèt kita dhumateng jurangipun dusa. Mboten namung nglarani tiyang sanès, nanging ugi ngrisak amal ibadah kita. Tiyang ingkang gampil ghibah utawi fitnah, kadosdene tiyang ingkang ngrèsani daging sedherekipun piyambak.

Mila para jamaah ingkang kinurmatan, kulo nyuwun dhumateng panjenengan sedaya supados tansah ngreksa lisan. Awit saking lisan punika saged ndadosaken kabecikan, nanging ugi saged ndadosaken karusakan.

Aja nganti lisan kita nimbali dosa, nanging kedah tansah kapunjeraken tumrap dhawuhipun Gusti Allah lan piwulanging Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Mugi Gusti paring kekiyatan dhumateng kita sedaya supados saged njaga lisan, ngucap ingkang sae, sarta adoh saking perkawis ingkang nimbulaken piala.

Wassalaamu'alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Diskusi Pembaca (0)

Belum ada komentar

Jadilah yang pertama memberikan tanggapan informatif!

Tinggalkan Balasan